Opo Kowe Lali
Dening: M. Rahayu
Opo Kowe Lali
Nalika zaman semana
Paribasan.....
Awakmu lara tak opene
Mangan tak ingoni
Klambi tak sandangi
Rasa sayang ku
Tulus neng ati
Nanging sakiki
Atiku mbuk larani
Bareng kowe mari
Sakiki banjur lali
Kowe cidra janji
Lungo tanpa pamit
Neng ngendi lehku goleki
Kaya kacang ninggal lanjaran
Bareng uripmu kepenak
Lali karo asalmu
Kowe dadi bimbang
Tresnamu melayang
Sragen, 31 Mei 1020
Comments
Post a Comment