Atiku Lara
Dening: M. Rahayu
Sopo sing kuat nglakoni
Yen ati dilarani
Saben dina direwangi urip rekasa
Paribasan ora weruh wayah
Rina lan wengi
Tanpa tandha tanpa kandha
Aku mbuk tinggal lunga
Uripku dadi nelangsa
Ati iki dadi gela
Nanging kowe ora krasa
Kowe malah karo liya
Ora apa-apa,
Atiku tak gawe lila
Nadyan janjimu cidra
Ngene iki nasibe wanita
Sing ditandhing rasa
Lan ditandhing rupa
Ora apa-apa,
Terusna lakumu
Gawe lara atiku
Mbesuk bakal nampa
Kaya sing tak rasa
Sragen, 7 Juni 2020
Comments
Post a Comment