Skip to main content

MC Pengajian Bahasa Jawa

Assalamualaikum wr.wb.

Alhamdulillah alhamdulillahi rabbil'aalamiin, wash-sholaatu wassalaamu  'ala isyrofil anbiyaa i walmursaliin, wa'alaa alihi washohbihii ajma'iin ammaba'adu. .

Bapak Kepala Madrasah Tsanawiyah Negeri 1 Sragen ingkang kula hurmati
Ibu/Bapak guru saha pegawai Madrasah Tsanawiyah  Negeri 1 Sragen  ingkang kula hormati ugi.

Sepindah, boten kesupen monggo kita tansah ngaturaken  puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos, ingkang tansah paring karohmatan saha kasarasan dhumateng kita sedoyo...sahengga kita tasih saget makempal wonten ingin mriki saperlu ngawontenaken pangaosan rutin keluarga Ageng Madrasah Tsanawiyah Negeri 1 Sragen menika kanthi bonten wonten alangan setunggal  menopo.

Kaping kalih Ipun, solawat saha salam monggo kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad Saw. ..Ingkang tansah kita tenggo syafaatipun wonten ing yaumul akhir mangke....aamiin

Ibu/Bapak ingkang kula hormati...  Monggo kita wiwiti pengaosan punika kanthi waosan Ummul kitab alfatihah sesarengan.....
Bismillahirrohmannirrohiim.....
Matur suwun...mugi-mugi acara menika saget lancar ngantos dumigi akhir acara mangke...aamiin

Acara saklajengipun inggih punika  tadzarus Alquran, ingkang badhe dipun pimpin Dening BPK Warsono, S.Pd.  Dhumateng Bapak Warsono kula sumanggakaken.

Alhamdulillah, kanthi waosan ayat-ayat Alquran kala wau mugi-mugi saget nambahi raos iman saha ketaqwaan kita sedoyo dhumateng Allah SWT....aamiin

Ibu/Bapak ingkang kula hormati. 
acara  saklajengipun inggih punika  waosan Asmaul Husna ingkang badhe dipun pimpin ibu Darsi, S. Ag.  Monggo Ibu Darsi, kasumanggakaken...

Alhamdulillah,  mugi-mugi kanthi memahami  waosan Asmaul Husna menika saget  nuntun lampah kita sedoyo  dhumateng Jannahipun Gusti ingkang maha Kuwaos...aamiin.

Ibu/Bapak ingkang kula hormati....monggo kita lajegaken acara  menika , sambutan saking Bapak Kepala Madrasah Sanawiyah Negeri 1 Sragen. Dhumateng Bapakk Drs. Nur Kayat, M.S.I  kula sumanggakaken....

Mekaten kala wau sambutan saking Bapak kepala madrasah, mugi-mugi kita saget mendhet intisarinipun kangge kesaenan kita sedoyo...aamiin.

Acara ingkang kita tenggo-tengo iggih meniko tausyiah minangka inti pengaosan. Ingkang badhe dipun sampaikan dening Ustadz M. Rifa’i, S.Pd.  dhumateng Ustadz  M. Rifa’i , S.Pd...  wekdal sakcekapipun kula sumanggakaken.

Mekaten kala wao inti pengaosan saking Ustadz M. Rifa’i. S,Pd....Kathah seserepan ingkang saget kita pendhet saking beliau....mugi-mugi kita sedoyo saget mendhet hikmahipun ...aamiin.

Ibu/Bapak ingkang kula hormati, sampun titi wancinipun kita dumugi ing pungkasan acara pengaosan menika. Dhumateng Bpk Toat Basuki , S, Ud. S, Pd, monggo supados memimpin doa pengaosan menika....

 Ibu/Bapak ingkang kula hormati, sedoyo acara sampun kalampahan kanthi lancar. Mbuk bilih wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih  panjenengan sedoyo, nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun. Monggo kita tutup acara pengaosan rutin keluarga ageng MTs N I Sragen punika kanthi waosan hamdalah.... 
Cekap semanten ...Matur suwun,... Wassalamu’alaikum wr.wb.

Comments

Popular posts from this blog

Puisi "Maafkan Aku"

Maafkan Aku Karya: M. Rahayu Maafkan aku, Selama bersamamu Aku belum mampu  Menjadi pena hitam Dalam lembaran hidupmu Mengukir kebahagiaan Menghadirkan senyum di wajahmu Apalagi tawa di bibirmu Maafkan aku, Selama bersamamu Aku  hanya pena merah Selalu membuatmu marah Memberi goresan luka Rasa sakit yang menghimpit Perih mengiris hati Di sepanjang hidupmu Maafkan aku, Segala daya upaya Sudah ku coba Untuk memahamkan diri Agar aku mengerti Sebagai diri yang berarti Dan menjadi yang kau ingin Sragen, 22 Juni 2020

Purnama

Purnama Senja mulai beranjak pergi Menyelinap di balik gelapnya malam  Aku beranjak dari tempat duduk Melangkahkan kaki Menuju pintu jendela Perlahan ku buka pintu  Hembusan angin malam Langsung menyeruak masuk Mulai menyapa kulit Dan membelai rambutku  Yang mengurai di bahu Sesekali ku gosokkan kedua tangan Untuk mengusir dingin yang kian mengusik Aku berdiri menatap langit Menanti hadirnya sang rembulan  Di malam bulan purnama Untuk mengurai kegelapan Yang menyelimuti hati Aku terus menghitung waktu Hingga malam semakin larut Namun rembulan tak jua datang Masih enggan menyinari bumi Sragen, 6 Okt 22  

Gelisah

Gelisah M. Rahayu Hidup dalam pusaran gelisah Kecemasan dan kekhawatiran Mengusik ketenangan hati Seakan tak ada lagi tempat bersandar Tumpuan dan pegangan hidup  telah patah Saat hidup dalam belenggu Kebebasan dikebiri Bagai burung dalam sangkar besi Riuh berita kematian Berkumandang di masjid-masjid Bertebaran di media sosial dan grup Suara sirine ambulan mengiang di telinga Menyiutkan nyali yang mendengar Kematian seolah di ujung penantian Bisa datang kapan saja Tanpa memilih waktu dan tempat Tanpa memandang batas usia Sragen, 8 Juli 2021